Kamis, 19 Mei 2011

Senja Kemarin



Senja kemarin ‘ku melihat
Dan, mata itu
Terbelit oleh keindahan dalam sepincuk senyuman
Ambisi berkejaran
Bebenturan menggamit jiwa Satu
Perngorbanan dan persaingan menjadi bak mesin membakar gelora jiwa satu
Lelahkah…?
Mungkin
Bisa juga pasti
Namun peluh masih ada yang menetes
Jantung masih memompa butir-butir darah
Dan iblis masih bersemangat menebarkan dogma
Masih gigih membangun istana dari pilar-pilar pemberontakan terhadap Tuhan
Jadi...
Takkan terhenti naluri birahi
Takkan tersendat hasrat
Takkan menyerah pejuang hedonisme berburu kepuasan maya

Bocah Angon


BABAK 1

Suasana panggung sepi. Terdengar music latar gending ilir – ilir. Seorang perempuan setengah baya keluar duduk di kursi di level 2.
Perempuan setengah baya itu mengenakan kacamata, rambutnya sudah nampak beruban, dan ditangan kirinya memegang baju koyak untuk dijahit dengan tangannya sendiri.
Musik latar selesai. Perempuan setengah baya itu mulai menembangkan tembang macapat POCUNG laras pelog.
Ibu
:
Ngilmu iku kelakone kanti laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya panetesing dur angkara

Perempuan setengah baya mulai menjahit. Tangan kanannya mulai menusukkan jarum kea rah baju koyak, sambil menarik pelan – pelan dan diulangi berkali-kali
Gembala
:
(Datang dengan wajah nampak capek selepas pulang dari sekolah)

:
Mbok …
Ibu
:
Opo lẽ
Gembala
:
Segane wis mateng mbok …?
Ibu
:
Uwis,
Lesu toh…?
Gembala
:
Eh, mbok …
Rasane ususku koyo mengkeret, mbok
Ibu
:
Nhaa kenek opo no lẽ
Gembala
:
Nha kok kenek opo
Yo lesu leh mbok
Wong sekolah yah mene lagek muleh kok
Ibu
:
Nha mau esuk yo tak sangoni ngono toh  lẽ
Gembala
:
Nha sangu GANYONG sak TETEG wae mbok… kok
Tak nggo ANGOP lak yo wis entek
Ibu
:
E … lha onone GANYONG yo sangu ganyong toh  lẽ
Onone mung sak teteg kuwi
Nhe nek ono akeh yo disangoni akeh
Ambeko wong sekolah kuwi yo kudu tirakat lẽ
Nek akeh-akeh mangan nggarai BODHO
Ora iso mikir
Gembala
:
Eh, mbok …
Masiyo tirakat tapi yo ora ganyong leh, mbok
E…mboh sego pecel, toh SREDEG iseh lumayan
Nha GANYONG… athik ora medhuk
Ibu
:
Nha wong ganyong kok mbuk kon medhuk
Lehmu NGGLADRAH
Yo wis nha mangan
Kae segane wis mateng
Ko nek wis bar mangan nha angon lho lẽ
Gembala
:
MASYAALLAH
Mbok …mbok
Ben dino kok angon leh mbok?
Ra sah diengon leh, mbok
Kolo-kolo dipakani godhong tebasan toh opo kono lho
Ibu
:
Ojo sak karepem dewe toh…!

(Perempuan itu setengan membentak)

:
Nha kowe yo GELEM dipakani godhong tebasan…?
Wedhus kuwi mono TINGGALANE bapakem lẽ
Yo muk SITOK kuwi
Di uwet-uwet
Dirumat sing APIK
Jagane suk mben kowe sunat
Sukur-sukur iso MANAK dadi akeh
Suk mben ditukokno SAPI jagane nek kowe rabi
Gembala
:
Cah … cah
Angon wae

Menggerutu sambil masuk meninggalkan ibunya
Ibu
:
Nha mangan…
Nha salin klambi

Kemudian perempuan itu melanjutkan pekerjaannya sejenak. Tidak berapa lama kemudian meninggalkan panggung

BABAK 1 SELESAI

Sebuah Nama



Kudaur risalah para pujangga
kuikhtisarkan ribuan prosa dan sonata
kuterjemahkan berlaksa simbol sastra
lalau kujudulkan menjadi sebuah nama

Senin, 02 Mei 2011

Jer Basuki Mawa Bea


BABAK 1

Sore itu keluarga Romo Semar sedang berkumpul bersama. Seperti hari-hari biasanya Romo Semar lagi asyik menikmati saat senggang bersama anak-anaknya yaitu Petruk dan Gareng, Bagong. Namun sore itu Gareng tidak terlihat bersama mereka. Sore itu Bagong sedang asyik bermain layangan diruang tamu sambil berlari-lari. Tiba-tiba Petruk datang lalu berkata kepada Bagong.

Petruk             : “ Gong, kowe kuwi nyapo toh, wong dolanan layangan kok nang njero omah. Yah mene iki ora wayahe dolanan layangan sesuk wae nek dolanan nang sawah kono!”
Bagong            : ” Yo wis leh, sak karepku. Wong layangan-layanganku dhewe thek usil. Padunem kowe ora duwe wae kok.”
Petruk             : “ Kowe nek ora nggatek tak kandani, engko tak aturno Romo lho Gong.”
Bagong            : “ Na kandakno no, paling romo yo ora duko wae, wong aku iseh cilik. Bocah cilik iki wis lumrahe dolanan layangan.”
Petruk             : “ Aku pethuk bocah –bocah cilik akeh, kae nek yah mene iki podho sinau, Gong. Ora kok dolanan layangan koyo kowe ngono.”
Bagong            : “ Lha wong aku urung sekolah kok?“
Petruk             : “ Lha iyo, mumpung urung sekolah kuwi sinau moco, toh nulis. Ben nek wis sekolah ora dedel, kari karo konco-koncomu.
Bagong            : “ halah, sekolah sampeyan kuwi lho kang piye bentuke? Yahene athik ceramah koyo Romo Semar wae.“
Petruk             : “ Ngono kok arep njaluk sekolah, wong dikandhani wae pandek mbadali wae ngono kok. “
Bagong            : “ aku urung sekolah lalah, nek mbek sampeyan wae aku emoh kalah kang petruk. “
Petruk             : “ halah omonganmu koyok-koyoko, engkuk tak badhehi nang ora iso.
Bagong            : “ kenek dijajal, nek sampeyan pingin bukti. Nek mbek sampeyan wae pinter aku kang. “
Petruk             : “ wis saiki nek ngono jajal tak badhei. “
Bagong            : “ arep badhehan opo?.”
Petruk             : “ isomu opo?. “
Bagong            : “ yo terserah sampeyan, wong sampeyan sing ape mbadhei kok. Nek aku ki sak anane iso kang. “
Petruk             : “ halah sombongmu. Wis tak takoni masalah itung yo, matematika
Bagong            : “ iyo, monggo. “
Petruk             : “ siji, dikurangi siji, ono piro Gong? “
Bagong            : “ halah kecil, lha wong badhehane cah TK kok ditakokno aku. Siji dikurangi siji yo ono siji toh kang.
Petruk             : “ Nha ngono nggladrahe kok. Lha wong siji dikurangi siji kok ono siji. Ha ngono ki olehmu meguru ko ngendhi? Siji dikurangi siji kuwi yo nol. Kosong. “
Bagong            : “ ora iso kang. Siji dikurangi siji kuwi tetep siji. Wis toh mbuk budhalo nendhi wae tak turuti sampeyan. “
Petruk             : “ siji dikurangi siji, Gong. Kuwi ono nol.
Bagong            : “ siji kang petruk. “
Petruk             : “ ojo ngeyel toh, Gong. Kowe kuwi salah nha ngeyel kok. “
Bagong            : “ sampeyan kok iso ngarani nol kuwi lho kang sangkane ko ngendhi, carane piye?.
Petruk             : “ ngene yo Gong yo, umpamane kowe duwe nekeran siji, kecemplung sumur, ijeh piro?. “
Bagong            : “ yo ijeh siji toh kang. “
Petruk             : “ nha kok ijeh siji terus kuwi lho Gong, piye karepmu wong wis kecemplung sumur kok ijeh siji.
Bagong            : “ aku nduwe nekeran siji yo kang ?. “
Petruk             : “ iyo. “
Bagong            : “ kecemplung sumur?.
Petruk             : “ iyo. “
Bagong            : “ ijeh siji. “
Petruk             : “ nha kok ijeh siji, nha endhi nekeranmu?.
Bagong            : “ ijeh siji, nha kuwi ning njero sumur. “
Petruk             : “ nha wong ning njero sumur kok diitung. “
Bagong            : “ nha kuwi yo nekeranklu leh kang. “
Petruk             : “ wis, saiki contone ngene. Kowe nduwe endhog siji, Gong. Tak jaluk aku, ijeh piro endhogmu?”
Bagong            : “ aku nduwe endhog siji?“
Petruk             : “ iyo.
Bagong            : “ sampeyan jaluk?“
Petruk             : “ he’em. Ijeh piro?
Bagong            : “ yo tetep ijeh siji leh kang“
Petruk             : “ Nha kok tetep ijeh siji, nha endhi?.
Bagong            : “ Nha kuwi sampeyan gowo.“
Petruk             : “ iki tak jaluk aku, Gong, ojo diitung.
Bagong            : “ Nha wong ijeh katok leh kang, dadi yo tak itung no “
Petruk             : “ ngene lho, Gong. Umpamane maneh, kowe nduwe iwak siji, dipangan kucing. Ijeh piro?
Bagong            : “ Aku nduwe iwak siji yo kang yo?. “
Petruk             : “ iyo.
Bagong            : “ dipangan kucing. “
Petruk             : “ iyo.
Bagong            : “ olehe mangan entek toh ora kang? “
Petruk             : “ yo entek, wong kucinge lesu kok, nha iwake asin.
Bagong            : “ nek ngono yo bener kang entek. Munggoh lehe mangan ora entek mono yo ijeh siji.. “
Petruk             : “ ngono kok ngaku pinter, jajal saiki tak badhehi wayang.
Bagong            : “ wayang halah entheng. “
Petruk             : “ enthang-entheng, paling bar-barane yo ngawur.
Bagong            : “wayang opo kang. “
Petruk             : “ lha sing mbuk erohi wayang opo?.
Bagong            : “  Lho, aku ki sak anane wayang eroh, Kang. Terserah  sampeyan.“
Petruk             : “ kowe ngerti PANDAWA po ora. PANDAWA kuwi cacahe ono piro?.
Bagong            : “ halah sipil. “
Petruk             : “ wis ra sah sipal-sipil, jawab wae.
Bagong            : “ PANDAWA ? “
Petruk             : “ iyo.
Bagong            : “Arjuno sak dulure kuwi ? “
Petruk             : “ iyo, ono piro?”
Bagong            : “ ono wolu “
Petruk             : “ lha, rak tenan. Mamulo lak mamulo. Mesti nggladrah
Bagong            : “ nggladrah piye leh kang“
Petruk             : “ Gong, gek hanu mulo nganti saiki, sing jenenge PANDAWA iku cacahe mung ono limo, ora ono PANDAWA cacahe wolu kuwi, kuwi mesti karanganem dhewe.
Bagong            : “ berarti sampeyan kuwi ilmune isek cethek, Kang Petruk. Nek sampeyan ngarani PANDAWA kuwi cacahe mung ono limo, berarti sampeyan kuwi ora ngerti sejarahe wayang sing sak benere.“
Petruk             : “ sejarahe wayang yo wis kuwi, nek PANDAWA kuwi cacahe limo, Yudistira, Bima, Arjuna, Nakula, karo Sadewa.
Bagong            : “ salah. PANDAWA, toh?“
Petruk             : “ lha kok salah? sing bener piye?.
Bagong            : “ PANDAWA. Sampeyan kudu ngerti kiroto bosone. PANDAWA. PAND kuwi PANDHU, bapake jenege lak Pandhu toh?“
Petruk             : “ iyo.
Bagong            : “ lahiyo“
Petruk             : “ terus.
Bagong            : “ A, kuwi anake, WO kuwi Wolu.“
Petruk             : “ halah, kuwi lak nek kowe dhalange. PANDAWA kok wolu kuwi lho, lha sing telu sopo?.
Bagong            : “ sampeyan ora ngerti toh jenenge sing telu ?”
Petruk             : “ lha wong ora ono ning sejarah kok.
Bagong            : “ PANDAWA kuwi, sopo mau sing kawitan Yudistira?
Petruk             : “ iyo.
Bagong            : “ Yudistira, Bima, Janaka, Nakula, Sadewa. Sing telu kuwi jenenge, Kartono, Laimo, karo Sutrisno
Petruk             : “ Lha iku lho, anake Pandhu karo sopo?.
Bagong            : “ Anake Pandhu karo Desi Ratnasari
Petruk             : “ Wis, wis. Nang  diselehno kono layangane.
Bagong            : “ Emoh aku ape dolanan layangan.“
Petruk             : “ Tenan, ora gelem leren. Tak aturno tenan lho, Gong. “
Bagong            : “ Nang aturno, ora wedi. “
Petruk             : “ Mo… Romo … iki lho Mo…Bagong, dolanan layangan ning njero omah.
Romo Semar keluar dari ruang dalam dengan langkah yang santai
Semar              : “ Ono opo toh Truk, kok cengak cengek koyo cempe wae.”
Petruk             : ” Iki lho Mo, Bagong. Mosok wong yah mene kok dolanan layangan ning njero omah.
Bagong            : “ Mbadaki leh Mo, padune kang Petruk endhas jeruk ki melet layanganku. Mulane dheke protes, engko nek aku leren sesuk paling layanganku dienggo dheke.”
Semar              : “ Wis, Gong…Wis, Gong. Diselehno layangane. Yah mene ora wayahe wong dolanan layangan. Sesuk wae nek dolanan sak kapokmu. Yah mene wayahe wong istirahat. “
Petruk             : “ Mo, nyetel TV yo, Mo ? “
Bagong            : “ Iyo, Mo. Yah mene iki ndelok sinetron apik-apik Mo. Wayahe gelut-gelutan.
Petruk             : “ Ndelok lagu-lagu wae, Mo. Yah mene iki onok lagu Dangdut penak-penak, Mo. “
Semar              : “ Ora…ora. Ndelok kok sinetron, dangdut ora gathuk. Ndelok TV ki yo sing iso nambahi wawasan, pengalaman utowo ilmu pengetahuan. Koyo toh, sponsor. “
Bagong            : “ Wong sponsor kok nambahi pengetahuan, Mo. Jarene sopo ? “
Semar              : “ Kok sik toh, sponsor yo ora angger sponsor toh, contone kae sponsor rokok. “
Bagong            : “ Wong sponsor rokok kok nambahi wawasan kilho koendi sangkane.
Semar              : “ Lha kae, nek sponsor rokok ki lak mesti ono peringatane, Merokok daapat merugikan kesehatan. Menyebabkan serangan jantung, paru-paru, dan gangguan kehamilan. “
Bagong            : “ Ngono kuwi yo ora nambahi wawasan, Mo. Kabeh yo wis ngerti nek ngono kuwi. Sing iso nambahi wawasan kuwi sinetron , Mo. “
Semar              : “ Wong sinetron kok nambahi pengetahuan. Iku lak alasanmu ben disetelno sinetron Gong, Gong. Ngono kuwi lho olehmu teko ngendi ?
Bagong            : “ Nek sinetron remaja yo iso leh, Mo. Engko njenegan lak pireng bahasa-bahasa gaul koyo Elu, Gue. Lha njenengan mosok ngerti Elu, Gue. Ndake, Mo opo “Elu” kuwi ? ““
Semar              : “ Elu wae kok ora ngerti, lha jajan sing kenek dipangan rasane legi kuwi lak Elu no. “
Petruk             : “ Kuwi mono Bolu, Mo. Elu kuwi yo bar loro kuwi sing diarani Elu. Pitikku maune loro saiki manak dadi Elu. “
Semar              : “ Lah kowe meneh Truk, kuwi mono Telu. Elu kuwi yo iki lho, gorokan. “
Petruk             : “ Gorokan kuwi mono  gulu, Mo. “
Bagong            : “ Wis salah kabeh. Elu wae kok ora ono sing eroh. Elu mono artine kowe, utowo awakmu. “
Semar              : “ Wis ora ngerti yo ben. “
Petruk             : “ Ora ngerti yo uwis, Mo. Ora dadi pitakon kubur wae kok. “
Petruk             : “ Nyetel berita wae, Mo, ben iso eroh perubahan jaman. Iki penting Gong, kanggone kowe sing urung sekolah. Ben nek wis sekolah ora ketinggalan informasi. “
Semar              : “ Wah, iyo tepak Truk. Saiki kakangmu, Gareng, wayahe siaran. Wis ndang tokno TVne. “
Kemudian Bagong dan Petruk masuk untuk mengambil TV untuk dibawa keruang tamu.
Bagong            : “ Wis, Mo, disetel saiki? “
Semar              : “ Gak, sukmben wae ngenteni panen. Lha suk kapan maneh, yo nang disetel toh. “
Bagong            : “ Ning stasiun TV opo, Mo? “
Semar              : “ Mboh stasiun TV Balapan mboh opo. Goleki wae toh engko lak ketemu dhewe! “
Petruk             : “ Ndhake kene aku sing nyetel, Gong. Kowe ki takon terus gak thuk-thuk. “
                         Jenenge acarane opo, Mo? “
Bagong            : “ Halah, podho wae. Kowe dhewe yo takon thok. Ora tekan-tekan.
Semar              : “ Mbuh, Dunia dalam Kobokan, mboh opo. Wis toh, Truk ojo takon wae na setel wae lho. “
Tak lama kemudian siaran TVpun mulai. Tampak Gareng akan segera memulai membaca berita.
Gareng            : “ Selamat malam. Siaran berita akan menyampaikan perkembangan-perkembangan terkini dari seluruh pelosok dunia. Kita akan mulai dari berita pertama yang datang dari luar negeri.
“ Berita pertama. JogoBoyo Brazil kemarin malam menangkap seorang laki-laki yang dicurigai sebagai pencuri yang telah mengambil sandal japit milik Presiden Brazil. Namun setelah dimintai keterangan secara jelas, laki-laki tersebut menegaskan bahwa sandal jepit itu adalah hadiah dari presiden sebagai upah dari kerjanya memijat presiden selama satu tahun. “
“ Berita selanjutnya masih dari luar negeri. Seorang wanita berkebangsaan YUNANI, kemarin mengadakan unjuk rasa seorang diri di depan markas PBB. Dalam aksinya, perempuan tersebut meminta kepada PBB untuk membenahi nama negara YUNANI yang sebenarnya. Karena menurut wanita tersebut, nama yang betul dari YUNANI adalah YUNARTI. Setelah mengadakan perundingan dengan PBB, akhirnya PBB mengambil jalan tengah yaitu akan mengganti nama YUNANI dengan nama baru yaitu YUDARNI. “
“ Berita selanjutnya. Dari Arab Saudi dikabarkan bahwa Seekor Orang Utan kemarin lepas dari kandangnya dikebun binatang Arab Saudi dan masuk ke Supermarket-Supermarket disepanjang jalan Arab Saudi. Namun tidak lama kemudian hewan tersebut dapat ditangkap oleh petugas kebun binatang. Menurut seorang ahli bahasa hewan dari Australia Orang Utan tersebut sudah bosan menjadi orang Utan yang selalu tinggal di kebun binatang. Dia ingin menjadi Orang Kota yang dapat bertemu dengan para artis dan bisa berbelanja di supermarket-supermarket yang mewah.
“ Para pemirsa jangan kemana-mana dulu. Karena masih banyak berita-berita penting dan terbaru setelah pesan-pesan berikut ini. “

Kemudian muncul beberapa iklan .
Sponsor  1       : “ Capil Buyuk. baik untuk pelindung panas bila pergi kesawah. Harga terjangkau dan perawatannya mudah. Tidak usah dicuci, tidak usah disemir, mudah diletakkan dimana saja. Kalo keberatan membawa bisa dicentelkan. “
Sponsor 2        : “ Pitik Jago. Bisa digunakan untuk lawoh mangan, bisa juga dibuat lanangan kalo ingin berternak ayam kampung. Mudah didapat. Dipasar-pasar ato dipenjual-penjual dekat rumah anda. “
Sponsor 3        : “ Es Teh. Sueger diminum setelah mangan pedes. Cara membuat sangat mudah harga di warungpun sangat murah, cukup lima ratus rupiah masih susuk lima puluh rupiah. Kalo anda ingin berjualan Es Teh,  jangan lupa pakai gula. “
Sponsor 4        : “ Tukang Pijet. Pengobatan yang murah dan tidak mengandung resiko. Tidak menyebabkan penyakit kanker dan tidak mengganggu lingkungan. Bisa meringankan otot-otot yang kaku setelah macul, setelah ngedos ataupun setelah gawe. Awas bila sakit berlanjut jangan teruskan pijet. “
Setelah sponsor itu habis, Gareng memulai lagi membaca berita.
Gareng            : “ Para pemirsa, berita-berita selanjutnya adalah berita dari dalam negeri, mulai berita dari kota besar sampai dengan berita dari pelosok desa.  Berikut akan  kami sampaikan perkembangan harga-harga dipasar tradisional. “
“ Sapu Sodo, mulai hari ini diperkirakan harganya akan semakun naik, itu dikarenakan karena sapu sodo sangat efektif dan tidak menyebabkan polusi. Disamping penggunaannya yang serba guna, yaitu bisa untuk nyapu latar, ngresiki sawang, dan tebas-tebas bayang, Sapu Sodo juga bisa digunakan sebagai senjata yaitu untuk gepuk-gepukan. “
“ Pemerintah kabupaten mulai besok akan mengharuskan bagi para penjual kangkung liar untuk berjualan secara resmi. Pemerintah mengharuskan para penjual kangkung untuk memberi merek dan masa berlaku untuk barang dagangannya. Sebab dihawatirkan barang-barang tersebut sudah kedaluwarsa. “
Semar              : “ Wis, Gong. Ndang pateni wae. Berita kok ora ono sing nggenah. Pateni wae! “
Bagong            : “ Lha njenegan diaturi ndelok sinetron wae yo ora kerso toh, Mo. “
Semar              : “ Wong romo ki wis tuwo toh Gong, Gong. Mosok dikongkon ndelok sinetrone bocah enom-enom lak yo ora gathuk toh. “
Petruk.            : “ Mo, kang Gareng kok iso mlebu TV iku critane piye toh, Mo? “
Semar              : “ Kakangmu Gareng ki sekolahe temenan Truk, ora koyo kowe ngono. Lha kowe sekolah bijimu koyo babon bar pethuk jago, pandek ngendhok wae. “
Bagong            : “ Mo, aku pingin sekolah, Mo. Ben iso koyo kang Gareng. “
Semar              : “ Iso wae, ning yo kudu sing temenan nek sekolah. Sekolah kuwi ora kok njur angger sekolah. Nek arep sekolah kuwi kudu iso milih endi sekolah kang cocok lan ora. “
Bagong            : “ Sekolah kok koyo wong suntik wae Mo. Kok ono sing cocok ono sing ora. “
Semar              : “ Ngawur wae, engko lek olehmu milih sekolah ora tepak, dadine yo koyo kakangmu Petruk kuwi, dadine mung ngendhok wae. “
Petruk             : “ Rempeyek yo rempeyek, Mo. Tapi ojo diremet-remet. Ngenyek yo ngeyek, Mo. Tapi ojo banget-banget. “
Bagong            : “ Tuku rempeyek Truk, ning warung prapatan. Iki ora ngenyek Truk, ning kasunyatan. “
Petruk             : “ Lha terus sekolah sing cocok kuwi sekolah sing piye, Mo? “
Semar              : “ Sekolahan sing cocok kuwi yo sekolahan sing ora mung ngulang ilmu dunia thok, tapi yo sing iso menehi katentreman ati kanti ajaran babakan agama. “
Petruk             : “ Milih sekolah kok sing koyo ngono mau ben piye,Mo? “
Semar              : “ Yo ben imbang. Ilmu dunia thok tanpa agama, akhirate bakal loro. Ilmu agama thok tanpa dibarengi ilmu dunia saithik-saithik uripe yo bakal kether. Dadi yo kudu imbang. “
Bagong            : “ Dadi sing apik sekolah ning endi, Mo? “
Semar              : “ Ora usah adoh-adoh. Ning desane dhewe kene yo ono kok. Sekolahan sing mulang babakan dunia karo babakan agama. “
Bagong            : “ Terus kapan, Mo aku arep disekolahne? “
Semar              : “ Yo sesuk toh, Gong. Mosok yah mene kok arep sekolah. Saiki ayo istirahat, sesuk ning sekolahan karo kakangmu Gareng barang. “

BABAK 1 SELESAI